Candinata (Pemerintahan)  wektu kuwe ana sing wis ngatur ,takdir menungsa uga ana sing wis ngatur.Jere kaki Mukidi kuwe menungsa wayange Gusti Alloh.Merga kaya kuwe menungsa ya mung teyenge ngrencana ananing rencana kuwe kabeh mau ya merga sekang kang Gusti Alloh Subkhanagu watangala.Wis pancen dadi kodrate menungsa kuwe di gawe kaya apa baen lakone neng gusti Alloh.Dadia pejabat ya mung sementara wis umue sewidak ya leren dikon ngaso, istirahat lan ngakeh-ngakeh ngibadah.

Dina kuwe ,Jemuah(6/1/17) Kantor Pemrentah Desa Candianata Jam 9 ujug-ujug ana ketekan piyayi kalih tamu sekang Pemrentahan Kecamatan Kutasari yakue piyambake Bapak Sunarno, S.Sos, M.Eng sing jabatane Kasi Pemrentahan,Ketertiban Umum  lan Bapak  Suntanto, S.Sos sing maune Jabaten Kasi Pemberdayaan Masyarakat Desa.Banjur terus Pak Kades Candinata Masikin Karo Inyong pada kanca Perangkat Desa Candinata de kumpulaken neng Sekretariat Desa Candinata.Seuwise pada kumpul mbanjur Bapak Sunarno ngodhe “mangga Pak Tanto ingkang matur”.Langsung mawon.Sauwise ba’da salam terua muji marang kang maha kuasa lan sholawat Pak Sutanto, S.Sos matur : “nuwunsewu Pak Kades lan Perangkat Desa Candinata, Kepareng matur alhamdulillah kula sampun paripurna tugas lan ajeng nerusaken malih dados warga biasa ,mergane kula sampun pensiuan janjane kula mpun purna tugas mulai 1 Januari 2017 ananging senajan SK pemberhentian dereng dipun tapak asmani dening Bupati, napa gubernur asline Kula sampun Pensiuan utawane Pari Purna Tugas.Kula nggeh nyuwun agunging pangapunten mbok menawi selama kula nglayanu panjenengan semasa wonten ing kecamatam nggeh kuka dibgapura lan Muga-muga Pak Kades lan Perangkat Desa Candinata tetep semangat mbangun desa Candinata lan sukses makmur,Aman lan ora ana alangan apa-apa kangge mbangun kemakmuran desa Candinata.”

Salam Kangge Pak ketua BPD,LKMD,Ibu PKK lan sedaya masyarakat Desa Candinata.

Lajeng wekdal dipun lanjutaken dening Bapak Sunarno, S.Sos., M.Eng. “Nggeh ngaten Pak Kades lan Sedulur Perangkat Desa Candinata ,Punika sampun di sampaiaken dening Pak Tanto, namung kula nambaih setitik mawon.Intine Kula lan Pak Tanto nyuwun ngapunten sing setulus-tuluse saking Pak Kades lan Perangkat Desa Candinata ,Kula kalih Pak Tanto nyuwun pamit, Kula nerusaken tugas wonten ing BAPPEDA Kabupaten lan Pak Tanto nyuwun pamit badhe kondur ke masyarakat malih amarga Pak Tanto sampun paripurna tugasipun.Kula tambaih malih nyuwun ngapunten lan nyuwun ndherek pamitaken Kalih Pak ketua BPD,LKMD, ibu PKK lan sedoyo masyarakat Desa Candinata”.

Pemrentah Candinata pak  Kades Masikin wangasuli pitutur : Sami-sami Pak Tanto lan Pak Narno kula mewakili remcang Perangkat desa Candinata lan sedaya masyarakat desa Candinata nggeh nyuwun pangapunten mbok bileh kula,rencang perangkat lan warga masyarakat desa  Candinata katah ucapan lan tindakan ingkang mboten sahe nyuwun dipun ngapura ,Panjengan nggeh tak ngapurani lan kula sekanca perangkat nggeh nyuwun pangapura lan maturnuwun sanged sampun dilayani kanto sahe teng babagan pemrentahan.Mugi-mugi perseduluran punika terus ampun nganti pedot senajiand Pak Narno teng kabupaten lan pak Tanto teng dalem.Nek wonten napa-napa ya inshaAlloh mesti kabar-kabarlah.kaya kuwe kurang lewihe Ngendikane pak Masikin kades Candinata.

Perlu kabeh ngerti nek winginane Selasa(2/1/2017) ana 739 Pejabat sing di mutasi jabatene sekabupaten Purbalingga lah Bapak Sunarno, S.Sos, M.Eng termasuk singdi mutasi mating jabatane ing BAPPEDA, terus Pak Sekcam Revon HP., S.Sos dipun mutasi wontwn ing Sekcam Bobotsari lan Pak Nanang Kasi kesra dipun mutasi pindah ke Kesatuan Pamong Praja Kabupaten Purbalingga.Nganti seprene rung ana kabar  sinten piyantun sing di tugasi menggantikan posisi jabatan sing di tinggalka mereka.

Acara sing singkat padat jelas kuwe mau di akhiri karo jabatan tangan lan pelukan perpisahan.Acata seremonial pelepasan lan penyambutan Pejabat baru ana ing kecamatan nembe arep di laksanakan dina ngesuk setu, 7 Januari 2017.(Zaen_24)